Halaman

bolo-bolo sek wes ngengkrik

blogspot visit
counterEkor (buntut)

Rabu, 29 Juni 2011

Pengumuman

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Aja kelalen yak. Sesuk jumat tanggal siji ono acoro akbar "Ngarit sambi ngowoh bareng-bareng" nang lor ndesone dewe-dewe.
Sek wes rumongso entuk undangane lewat pesbuk trus pengen melu yo ndang ae ndaftar nang panitia (nek gak pengen melu yo sekarepmu). Trus sek wes rumongso mangkat ngarit yo gak popo. Itung-itung latihan.
Ndaftare gratis, tapi nek meh mbayar yo gak popo tetep ditompo kanggo sumbangan sunatan wedhuze pak RT selaku pemrakarsa acoro iki. Diusahakno do nggowo seperangkat alat ngarit dewe-dewe. Sopo sek meso gak duwe arit iso nyilih arit sek wes disiapno panitia (tapi mink arit thok gak ono garane).

Sopo ae oleh melu acoro iki, pokoke iso menuhi syarate.
Wes gak usah kakean cocot meneh, ndang diwoco syarat-syarate trus ndang ndaftar.

I. Syarat (Rodok gak) Umum
1. Menungso
Aku males nek ono kewan opo meneh setan sek melu. Cukup aku dewe ae nek kui. Dadi gawe kewan-kewan utowo setan sek tertarik pengen melu, sepurane ae bukane rasis tapi aku lagi gak pengen duel karo sampeyan-sampeyan. Lagian sek wes tak undang lak menungso kabeh.
2. Ambegan alias urip
Mesio menungso tapi nek wes gak ambegan aku yo emoh, nek ngono kui lak podo ae setan. Umur gak dibatesi. Arep bocah umur setaun, rong taun opo embah-embah umur sewu taun sisan yo gak popo. Penting urip.
3. Keren (ayu/ngganteng)
Iki syarat penting. Lanang wadon opo banci gak masalah, penting keren (ayu/ngganteng). Sek banci yo berarti ayu ngrangkep sak nggantenge sisan.
Bukane rasis opo pilih kasih, pokokmen digae keren pol tur PeDe abis. Bayangno ae, awakmu mesti males nek duel karo wong elek. Iyo ta? Lagian jaman saiki nek gak pede ki gak usum. Dadi nek kowe jek mikir kowe ki elek, mending gak usah melu acoro iki. Ngko bukane ngarit bareng malah dadi konsultasi kejiwaan.
4. Iso Ngarit Tur Iso Ngowoh/Ngompleh
Iki jelase yo gak kalah penting, lha piye carane arep ngarit karo ngowoh bareng nek ngarit ae gak iso. Lagian ben gak angel awake dewe ngko le ngrampungi acarane. Nek bab ngowoh kui bene kene mengko arep saling mengowohi, mergo komunikasine lak cen ngono kui. Gawe sek gak iso ngarit opo durung iso ngowoh, oleh sinau disik mlebu kelase guru ayu mbak Icha.
5. Misuhan
Sek iki jelas wajib. Ngerti dewe nek ngarit sambi ngowoh kui gak gampang. Iso ae ngko pas ngowoh malah drijine ketunyuk arit, iso ae pas ngarit malah arite kethul, lha nek wes ngono kui lak njuk gelem gak gelem kudu misuh. Dadi nek awakmu gak iso utowo gak biasa krungu wong misuh yo mending gak usah melu ketimbang ngko malah kebablasen ngompleh sak lawase.
Misuh kui cen saru tur yo kasar, tapi dudu perkoro saru-saruan utuwo kasar-kasaran tapi nek lebare mink do ceramah gak jelas malah mink nggarai males ae. Gawe sing mikir misuh iku tabu, gak apik, bejat dlsb, mending mundur ae, males aku nek kon debat. Misuhe gak dibatesi arep nanggo boso jowo, meduro, boso kewan opo boso planet, sak karep. Misuh coro alim nek kowe iso yo oleh (carane pikiren dewe). Pokoke le ngarit, le ngowoh, karo le misuh ki kudu dilakoni bareng-bareng, gak ono sek oleh dewe-dewe. Gak kompak kui jenenge.

II. Syarat Tambahan Sek Rodok Penting
1. Edan
Sek jek mikir nek awake waras, gak usah
melu. Acoro iki khusus nggo wong edan sek kurang gawean. Yo itung-itung memberdayakan wong edan ben ono gunane. Sek durung edan tapi duwe niat edan yo oleh, seneng aku malahan iso nambah konco.
2. Gak Nuntut Opo-opo
Acoro iki cuman nggo iseng-isengan thok alias gak mbayar utowo dibayar (wong sek nggawe acoro ae yo kere). Gak ono royalti utowo hadiah khusus tapi iso dipastikan bakal dadi wong edan sek berkualitas, maksimal plus iso melu terkenal (PD).
Gak mink kui ae, sek melu acoro iki yo gak oleh nuntut panitia acara baik nang pengadilan, kepolisian opo meneh nang
KUA. Ngesir karo penyelenggarane ditanggung dewe.
3. Gak Gampang Ndrenginging
Lah iki yo penting sisan. Nek awakmu ngrengik'an koyo garangan mending yo gak usah melu. Males aku nek ngko sediluk-sediluk ngrengik, nangis, nggembeng, "aku gak iso,". Koyo ngopo dadine ngko acoro ngarit bareng malah ndrenginging kabeh.

Ketoke wes cukup ngono ae syarate. Nek jek kurang akeh ngko tak tambahi meneh. Sementara sek penting kui disik ae.
Bates pendaftaran gak ditentokno, sak
karepmu. Kowe arep ndaftar saiki, sesuk, opo arep ngenteni acarane kelar disik yo gak popo. Dadi gawe kowe-kowe sek tertarik tur rumongso wes nyukupi syarate ndang daftar ae. Iso langsung dikomen ae nang ngisor postingan iki karo njenggong kiro-kiro opo sek nggarai kowe kudu melu terkenal nang kene, yo semacam promosi awakmu dewe lah. Sistem tata acara "suka-suka gue" alias sak sirku dewe (lha wong sek nggawe acoro yo aku).
Jeneng-jeneng sek mlebu ngko bakal tak umumno (nek gak lali tur nek kober).

Iki tahap pertama, ngko bakale jek ono liyane meneh (pisan meneh, nek aku gak lali).
Sek jek durung ngerti yo takono cuk, ojo
meneng ae, ojo cawe-cawe sek wes ditetepno aturane. Ndang ndaftar, ndang ngarit bareng,.

Yawes, sesuk neh ae nek kober.
wabillahi taufik walhidayah wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

*nyuwun tulung disebarno teng twitter nopo fb nggih, suwun (pinter kromoan
aku hahahaha,.,.)
Sent from my BlackBerry®
powered by Sinyal Kuat INDOSAT

Senin, 27 Juni 2011

Kanggo dek Rainem (raine ono enem)

Kanggo Dek Rainem belahan hatiku,

Dek, wes suwe sakjane aku pengen nulis surat iki nang awakmu. Tapi embuh nopo rasane tanganku dadi kaku. Omongan sek wes nang pinggir lambeku, pikiran sek saben bengi mubeng-mubeng nang ndasku akhire mung dadi impen-impen thok gak isoh metu.
Turu yo gak isoh pules, miring ngalor ngidul tapi yo podo ae. Kaet isoh turu sediluk ae malah wes impen-impenen sek gak jelas. Isoh-isoh edan aku nek koyo ngene terus. Kui sebabe dek, tak wanekno nulis surat iki, tak pekso utekku mikir, ngetokno uneg-uneg sek kesuwen meh mbosok nang pikiranku.
Dek Rainem cah ayu, jare makmu raimu koyo Inem babu tonggo sebelah omahmu. Opo kui sebabe kowe dijenengi Rainem? Rai koyo Inem (sakjane kowe ki anake babu sebelah omah opo anake makmu sih? Hihihi, iki guyon, ojo nesu). Nek jare aku sih Rainem kui seko kata raine ono enem. Sik sik, ojo ngamuk disik, durung rampung ki.
Saben ndelok raimu roso-rosone mben dino kowe ganti rai. Kadang koyo koncone Hari Poter sek ayu kae, kadang kowe koyo Riana, wong wadon ireng sek nyanyi karo masku Eminem. Dino iki koyo pacare sapidermen, sesuke kok malih koyo penyanyine nopember ren. Pokokmen sip, top markotop jos gandhos selawe papat tenin lah.
Dek, ngertio kowe nek saben ndelok awakmu atiku rasane slewah gak karuan. Kowe mlerok, atiku langsung gogrok, logor gak jelas ilang nang ndi, ketoke katut temangsang nang atimu.
Lambemu mencep, duh rasane koyo peso nancep nang atiku. "Jlub,. Jlub,." ngono rasane. Kowe mesem aku selot kesengsem. Asem! Mung kui sek isoh metu seko lambeku saben ndelok kowe liwat ngarep omah. Sek koyo ngono kui kowe ngerti gak?
Gak mink awakku sek loro kabeh, atiku opo meneh, malah ajur. Koyo lagune smes kae lho, atiku cenat-cenut jare. Ngaranku mending digepuki wong sak kampung ketimbang kudu ngroso loro sek gak jelas koyo ngene.
Dek Rainem cah ayu, aku ngerti roso iki cen abot. Ojo muni nek abot ki digowo pindho yo! Iki abot diroso, abot sisan dilakoni. Kowe ngerti dewe nek aku ki mink tukang ngarit. Gak duwe emak. Bapak siji yo mink bakul roti. Mben dino gaweanku yo mink golek ramban nggo makani wedhuzku sek mink siji, gak manak-manak.
Dunyoku bedo karo dunyomu. Kowe anake wong nduwe, sugih, mulyo. Bapakmu mandor, sawahe yo ombo. Mesio mink ungkang-ungkang yo gak bakalan kurang, opo meneh ngantek keluwen bin kaliren. Tapi siji dek, siji sek tak antepi, sayang lan cintrong kui gak mandang bondo, gak ndelok rogo. Nek isoh milih, aku dewe yo gak pengen dilahirno dadi anake wong kere susah koyo ngene. Nek isoh milih aku pengen koyo Mas Trimo sek isoh sekolah trus kuliah nang mesir. Tapi jangankan kuliah, mangan ae aku kudu rayahan karo wedhuzku.
Kok malih nglantur gak jelas ngene sih? Sek messti dek Rainem, sayangku nang awakmu kui tulus. Cah ayu nang dunyo iki akeh, gampang golekane, wong banci ae saiki yo do ayu-ayu kok, malah angel dibedakno karo sek wadon asli. Tapi atimu, polahmu, aku yakin gak ono sek madani opo meneh ngantek nandingi. Aku gak iso janji opo-opo, lha ngimpi ae aku wes gak wani. Tapi sek mesti cintrongku iki mink siji dek, nggo awakmu lan bakal tak jogo ngantek mati. Nek jarene este rolas, "aku padamu".
Iki suratku nggo awakmu sek kepiro jal? Aku lali. Dek Rainem, nek surat sek wingi gak paernah dibales, tulung tenin nek sek iki dibales. Aku pancen sengojo surat sek wingi-wingi ki mink kertas blanjane makmu.
Mungkin kowe gilo, mangkel, gak seneng karo surat iki tapi tulung elingo ono uwong sek bakal ketulo, nelongso ngenteni balesanmu.
Surat iki bakal tak titipno adikmu, dudu maksud gak sopan tapi aku durung wani nemoni awakmu langsung. Lhawong adoh sisan piye arep nemoni? Nek awakmu pengen bales, mengko titipno adikmu sisan. Adikmu lak wes cengli karo aku.
Ojo ngantek wong tuwomu karo bapakku ngerti bab iki, opo maneh wedhuzku. Nek ngantek wedhuzku ngerti isoh kiamat tenan, wedhuz nek cemburu sok ngamuk-ngamuk gak ketulungan. Sementara iki jarno ae, mink kowe ae sek ngerti perasaanku nang awakmu. Tak tunggu balesanmu.
Pisan meneh tulung dibales, ojo suwe-suwe atiku selak brengosen.


Tertanda aku sek selalu padamu,

Paijo
Sent from my BlackBerry®
powered by Sinyal Kuat INDOSAT

Sabtu, 25 Juni 2011

Kaume Ibukmu, di mata Kaume Bapakmu


Ngerti gak? Nopo kok aku seneng karo wong wadon sek nganggo jilbab? Jawabe sih ringkes ae, mergo mataku iki susah banget diajak berkompromi. Isoh dibayangno piye carane aku kudu ngontrol mripat iki mulai metu seko omah ngantek mbalik tekan ngomah meneh (koyo duwe omah ae).

Nyawang cah ayu, mesti isoh ae nggarai mataku melolo, mentholo koyo buto Ijo. Mesti akeh pemandangan sek gak umum tur yo gak aman bagi kesehatan iman. Mung ono dua arah sek isoh nggae atiku tenang. Yokui mendangak munggah nyawang langit, utowo mendingkluk mengisor nyawang duit nibo (nek ono).
Nopo kok mink mendangak karo mendingkluk? Mergane nek mendelok ngarep, mesti akeh wong wadon sek berlenggok dengan seutas "Tank Top"nya. Trus nek menoleh ngiwo, pemandangane malih dadi "Pinggul terbuka" sek bergoyang-goyang ngono kae. Sedangkan nek menghindar ke kanan, malah ono sajian "Celana ketat plus You Can See". Luwih parah meneh nek mlinguk memburi, isoh-isoh dihadang "Dada menantang!" (Kok koyo nang njero bus way?) Astaghfirullah... Arep nang ndi meneh mripat iki kudu nyawang? Sek koyo ngono kui ki wong wadon opo wong wedan?

Sebut ae semisal aku ngomong nafsu, ya wes jelas cehto bin mesti " saya suka sekali". Malah nek diroso koyo ngono kui ki tak rumongso jek kurang ganas. Tapi nyonge gak pengen nek urip kok mink dibalut dengan nafsu thok thil, koyo gak ono perkoro liyo ae. Aku pengene sek isoh nggae atiku tenang, tentrem, adil, makmur, sentosa dan sejahtera. Nyawang cah wadon ki dudu kanggo obyek pemuas nafsu belaka, tapi pengen tak sawang sebagai sosok sek anggun mempesona, ben nggarai semriwing nang ati sisan ngono lho dab,.! Dudu paras sek nggae moto panas, dudu juga sek nggarai iman dadi tewas, mergo kepancing pikiran-pikiran "ngeres".

Misalken ae nek cah wadon do ngerti opo ae sek dipikirken kaum lanangan pas nyawang kaum wadon sek berpakaian seksi, yakin tenin mesti cah wadon kui gak bakalan
gelem meneh nganggo pakaian seksi-seksi. Kecuali nek niate pancen wes koyo ngono, cen niat nggatheli pengen memikat kaum plantangan thok (nggilani).

Nek jare mbah Dipo, istilah seksi kui artine seko kata dasare yoiku SEKS. Mulo nek ono cah wadon diuni seksi karo cah lanang, yo ojo do bungah disit lah. Sebagai seorang manusia yang punya fitrah dihormati dan dihargai ki wes sak patute kudu isin. Mergo penampilan seksi kui wes nggae moto lanangan dadi moto-moto boyo. Lha trus moto boyo kui sek mbayangno menelanjangi poro wanito seksi mau. Gelem po nek moto boyo mbayangno kowe dadi obyek syahwat nang njero pikirane? Moto boyo mau trus ngarep-arep kowe berkelakuan luwih seksi, luwih ganas, malah nek gelem luwih mblejit sisan. Nang pikirane, kowe isoh diajak mengkene lan mengkono alias gampangan,.
Duh Gusti, mugo ae kowe karo aku gak koyo ngono,.

Wong wadon sek kelakuane seksi, gelem gak gelem, sengojo gak sengojo, deknen wes ngrugekno awake deknen, nggae deknen wes gak dihargai gak dihormati karo penampilane deknen dewe sek didepno nang ngarepane moto-moto boyo. Nek wes koyo ngono kui, memolo opo ae isoh teko tanpo isoh dikiro-kiro. Opo ae kui isoh kedadean tenan, mbuh kui mink seko omongan nyleneh, pelecehan seksual, opo malah mungkin ngantek tekan perkosaan.
Trus wong sek gak dikenal, opo malah bocah cilik sek gak ngerti opo-opo, isoh ae dadi korban kebiadaban nafsu lanangan mergo kerep banget weruh cah wadon berpenampilan seksi. Nek wes ngono, sopo sek arep disalahno jajal tak takon? Aku yakin kowe mesti njawab nek wong lanang sek salah, Iyo kan? Kan? Oh betapa nelangsane dadi wong lanang jaman saiki, opo-opo kok njut disalahke terus.

Nek oleh diibaratken, "gak ono sek tuku nek gak ono sek adol". Simpel ae lah, uwong mesti gelem arep nek ono sek gelem nawani. Opomeneh nek sek ditawakno kui gratis tur enak sisan, mesti kabeh uwong langsung do rebutan ko kewan. Nah, trus opo bedane karo nek kowe berpenampilan seksi nang panggonan rame? Yakin sopo ae sek weruh mesti pengen ngicipi.

Allah Taala wes berfirman:
"Katakanlah kepada laki-laki yang beriman, Hendaklah mereka menahan pandangannya dan memelihara kemaluannya, yang demikian itu adalah lebih suci bagi mereka. Sesungguhnya Allah Maha Mengetahui apa yang mereka perbuat. Katakanlah kepada wanita beriman, Hendaklah mereka menahan pandangannya dan memelihara kemaluannya." (QS. An-Nuur : 30-31).

Lha kowe beriman pora?
Yakin, akeh wong lanang sek ngrasakno dilema koyo ngene iki. Mungkin ono sek menikmati, tapi ono juga sebagian sek malah wedi, gilo, tur bingung arep kepiye ngadepi dilema koyo ngene.

So, berjilbablah bagi kalian kaume Ibukmu... Mergo kui pancen aman, nyaman, tentram, anggun, ayu, mempesona tur mestine sejuk nang mripat sisan nang ati, tapi gak nggarai iman jadi terlena.


Sent from my BlackBerry®
powered by Sinyal Kuat INDOSAT

Rabu, 22 Juni 2011

Sidang Ruwet

Hawane nang dusun Suwung gek rada gemblung. Bengi sek biasane adem, saiki malih dadi panas. Uwong-uwong podo sambat sumuk pendak bengine. Sek biasa turu sarungan, sek nganggo jaket ditambah gombal dinggo slimut, malah saiki akeh sek podo uculan. Sek wedok mung jaritan, sek lanang mung podo kathokan tok. Bocah-bocah cilik do umek ae, malah ono sek podo ndrenginging, nangis gak betah sumuk.
Emak-emak ngomel, mangkel anake gak turu-turu. Bojone sek gak ngerti opo-opo
melu diseneni, dikongkon ngipasi anake.

Menul: Kaet mau nangis ae koyo garangan, wes mbok ndang turu ta!
Semprul: Cumuk, Mak. Kipasi ta,.! Kipasi sek bantel,.! (Karo nangis kejer ngantek sikile kroncalan)
Samin: Iyo, iki lho wes dikipasi. Pak'e ki yo kesel, sumuk sisan. Ndang turu kono, mengko diparani asyu lho nek gak ndang turu.
Semprul: Gak wedi kalo asyu, asyune wes bolo.
Menul: Dikon turu malah rebyek ae. Ndang merem. Mak'e selak ngantuk ke, sesuk kudu nang pasar isuk-isuk.
Semprul: Cumuk,.! Cumuk,.! (Le nangis madan selot banter)
Samin: Woo, nek jek nangis ae ben diambung Lik Ndirah mengko. Gelem po?
Semprul: Emoh,.! Emoh,.! Gilo aku!
Samin: Mulane ndang turu.
Wedi nek bakal diambung Lik Ndirah, Semprul sek jek umur rung genep limang taon kui langsung merem. Gak let suwe bocahe langsung mbiler. Mesio ngono Samin jek ngipasi anak lanange kui.
Menul sek wes kekeselen akhire yo keturon nang sebelahe Semprul.
"Ngerti ngene kaet mau ae tak omongno arep diambung Lik Ndirah", batine Samin.
Ndelok bojone turu, Samin sek mau nguantuk pol malih dadi ombo matane. Mblalak koyo buto ijo. Semprul sek turu nang tengah diangkat alon-alon trus diingerno.
Kroso ono sek gremet-gremet, Menul langsung tangi.

Menul: Iki ki opo sih? (Karo ngolet, tangane nyampluk raine Samin)
Samin: (Mesam-mesem)
Menul: Males ah,.! Sumuk ki lho,.!
Samin: Halah.
Menul: Emoh,.! Panas-panas ngene kok,.,. (gak ngurus bojone, trus turu meneh)
Samin: Ayo ta,.! (Jek durung gelem nyerah, tetep usaha)
Menul: Hadeh,.! Males-males, Mas. Mbok turu kono lho, nopo sih ndusel-ndusel,.!? (Sikile njejaki Samin)
Samin: (Selot semangat)
Menul:: (Selot mangkel le turu diganggu, selot banter le njejak)
Samin: Aduh,.! (Kepancal prabotane)
Menul: Sokor,.! Rasakno kwe, minggat sisan ae kono,.! Nek gelem turuo nang bale. Sumuk-sumuk ngene kok njaluk kelon.

Gak berhasil ngrayu bojone, Samin sek mesio wes cenat-cenut ndase akhire ngalah.
Krembuk-krembuk wong lanang sek gaweane dadi bakul wedhuz nang pasar kui njut ngaleh. Sarunge dijupuk trus mlaku
nang bale. Awake ditutupi krukub nganggo sarung. Saking mangkele, howo panas wes gak diroso meneh.

Gak suwe Samin wes cedak tekan bale, niate arep turu nang bale sisan. Tapi nang kono akeh krumunan uwong-uwong, ribut koyo gek bagi-bagi sembako. Gak ngertine warga Dusun Suwung gek ngomongke adine. Jare warga, Paijo nggletak gak klamben nang pinggir ndalan karo Maria. Kondisine Paijo wes gak sadar alias semaput. Maria yo iyo, deknen gak iso ngopo-ngopo mink nglesot ae nang sebelahe Paijo. Ono Susan sek gelem ngipasi Paijo. Susan melu trenyuh atine weruh raine Paijo sek melas ngono kui. Wal hasil Paijo karo Maria disidang nang bale Suwung.

Uwong 1: Wah gawat, nang dusun iki cen wes gak ono meneh pemuda sek waras. Edyan kabeh,.
Uwong 2: Ho'oh ke, jian mesakno tenin. Ngganteng-ngganteng tapi utekke do menceng.
Samin: Hush, ojo sembarangan kowe ngomong,.! Adiku ki gak koyo ngono,. (Karo napuki raine Paijo ben ndang sadar)
Lik Pardi: Sek sek sek, iki opo sih? Bengi-bengi bukane turu malah do crigis kabeh
Uwong 1: Kae lik, Paijo zina. Ngono-ngonoan karo wedhuze
Uwong 2: Iyo lik, Paijo kudu tanggung jawab, kudu dirabekno karo Maria.
(Kabeh melu mbengok, "ho'oh, paijo kudu dirabekno ambe Maria, nek gak gelem pateni ae").
Samin: Gak isoh,.! Paijo ki gak koyo ngono,.(Jek napuki raine Paijo)
Lik Pardi: Meneng kabeh,.! (rada nyentak sitik) Siji ae sek ngomong. Sopo sek weruh kedadeane mau?
Wong-wong: (tolah toleh, trus bisik-bisik, gak ono sek ngerti kabeh)
Lik Pardi: Nopo meneng kabeh? Nek gak ono saksi gak isoh diterusno ik,.
Ujug-ujug Lik Ndirah njredul karo slentar slentir ududte mambu menyan.
Lik Ndirah: Aku seksine,.! Aku weruh Paijo karo wedhuze gek ngunu-ngunuan nang kebon.
Lik Pardi: Lambemu njeplak kui,.! Ketemune ae nang ndalan, piye carane ngunuan nang kebon? Omong tok,.! Goblok,.
Samin: Iyo ik. Wong tuwek agek teko ae wes waton njeplak. Tak tapuki sisan kapok we,.!
Lik Ndirah: Tenanan ki. Aku gak ngapusi. Aku weruh Paijo lagi nguculi klambine Maria.
Lik Pardi: Tenane?
Lik Ndirah: Sumpah, aku wani kesambet dadi wong sugih nek aku ngapusi.
Samin: Ndasmu,.! Nek ngono we aku yo gelem,.
Lik Pardi: koyone omonganmu ki cen slewah. Aku gak isoh percoyo karo kowe. (Gedek-gedek mumet ndase)

Uwong-uwong sek nang bale Suwung madan selot ribut ae. Maria sek pakanane suket luwih gampang sadar ketimbang Paijo. Paijo sek wes telung sasi iki longko mangan suket madan jek klenger, gak sadar-sadar mesio wes dtapuki karo Samin. Mulo sopo sek pengen gak gampang tenggleng, yo monggo mangano suket. Matane Maria siyip-siyip mulai melek. Mulai mudeng opo sek diributno wong-wong nang bale. Mesio gak yakin nek Paijo tegel ambe deknen, tapi nek dipikir-pikir Paijo gak mungkin koyo ngono. Akhire wedhuz wedok kui mink isoh mrebes ngrungokke omongane wong-wong sek jek bengak bengok ae. Madan krungu nek Maria arep drabekno karo Paijo, deknen langsung semaput meneh.
Trus gantian Paijo sek sadar. Mesio wes sadar, tapi raine jek ditapuki karo Samin.
"Jhangkrik kwe min,. Entrane raiku ki kasur po kok kaploki saksenengmu,.!"
Samin mink prengas prenges ae weruh adine wes njenggelek meneh. Lebare Paijo madan bingung, ndase mumet, awake lemes, malah dikrubuti wong akeh sisan.
Batine, "iki ki ono opo? Klambiku ndi? Awakku kok mink dikrukubi slimut tok sih? Perasaan aku gek dolanan layangan, trus piye critane aku isoh nang kene?,.".

Susan sek jek nang sandinge Paijo, trus ngelapi kringete Paijo sisan nyritakno kahanan nopo kok wong-wong podo rame. Paijo cen luwih goblok ketimbang Maria, gak ngerti kahanan ndadak dikandani karo Susan. Ngerti ngono Paijo tambah lemes, nglendet nang pundake Susan.
Gak ngerti ono opo, Susan nglirik raine Paijo sedilit trus ndingkluk. Nang jero atine koyo disuduki peso. Jlub,. Jlub,.! Ngono rasane. Gak let suwe Paijo semaput meneh. Susan malah mesam mesem kesenengen mergo Paijo nglendet nang sandinge.


Mbekkkk! Mbekkk!
Lagi rame-ramene ujug-ujug njredul wedhuz lanang gagah gede duwur, awake tatonan, rambute njemprak, kupinge tindik'an. Langsung nrobos maju nang tengah-tengah bale. Wedhus lanang kui langsung nyopot kocomotone karo ngisis ududte Djaran Supra. Wong-wong sek mau bengak-bengok langsung meneng. Lik Pardi sek bingung dadi tambah bingung ae.

Samin: Mario? Nopo kowe mrene?
Mario: Mbekk! Mbekk! (artine: aku arep bersaksi nggo nulungi Paijo karo Maria)
Lik Ndirah: (wedi nek rencanane dibongkar Mario, wedhus lanange kui langsung digusah ngadoh) Muleh kono! Ojo clintisan ae yah mene. Digoleki makmu ngko.,!
Mario: Mbekk! Mbekk! (artine: Emoh! Aku arep ngomong nang Pak Pardi nek kowe ki ngapusi)
Wong-wong : (bisik-bisik meneh. Gak ngerti opo sek diomongno Mario)
Lik Pardi: Opo kui wedhuse Parmin melu-melu mrene? Arep dadi saksi sisan po piye?
Lik Ndirah: Mario ki gak ngerti opo-opo. Paling mink kangen karo aku.
Mario: Mbekk! Mbekk! Mbekkk! (artine: Ancuk,.! Dengkulmu amoh,.! Sopo sek kangen karo kowe? Gak sudi,.! Pak Pardi, Ndirah ki ngapusi, Paijo karo Maria gak salah)

Lik Pardi sek dudu wong sembarangan, ndelok raine Mario ngroso nek ono sek gak beres.
Lik Pardi: Ngomongo sek nggenah, bene aku mudenk.
(Cen edan sisan Lik Pardi iki. Piye carane wedhus kon isoh ngomong nggenah,.?)
Mario: Mbekk! Mbekkk! Mbekk!
(artine: Paijo karo Maria dipitnah. Iki kabeh gaweane Ndirah rondo tuwek kui)
Lik Pardi: (mantuk-mantuk, koyo ngerti-ngertio ae padahal asline gak ngerti)
Samin: Ngomong opo Mario iki? (takok nang Lik Pardi, lirih le ngomong)
Lik Ndirah: Cen njaluk disate tenan wedhuz sitok iki. Wani-wanine arep nglaporno aku(bisik-bisik)
Maria: Mbek! Mbek! (artine:suwun Mar, akhire aku ngerti kedadeane. Aku eling)

Maria akhire sadar meneh, langsung paham kedadean sek sakbenere. Paijo sek jek koyo wong sakau ditapuki raine, diidoni ben ndang sadar. Begitu bocahe sadar, Maria langsung crito. Paijo sek lebar diidoni Maria alon-alon mulai eling. Deknen yo kaget weruh Maria sek wes suwe gak pethuk, ujug2 wes nang ngarepe. Akhire deknen ngadek, crito nang wong-wong kedadeane koyo ngopo.
Berhubung saksine podo gak isoh teko (Samsul, Parmin, lan Bedjo) mergo gering kabeh lantaran kesuwen kungkum nang kali, Paijo Maria karo Lik Ndirah gak ono sek isoh diukum. Mario gak dietung polahe dadi saksi, durung ono aturan nang Kitab Undang-Undang Persuwungan nek wedhuz ki isoh dadi saksi. Mesio asline wedhuz luwih isoh jujur ketimbang menungso.
Sent from my BlackBerry®
powered by Sinyal Kuat INDOSAT

Senin, 13 Juni 2011

Tribang-tribang Saku

Konon mbiyen jare mbahku, cilikane
parmin kerep byanget dicekoki tontonan
tipi ireng putih. Jare pas jaman kui seng
duwe tipi munk mbahne parmin thok. Jan
ketok dadi seng paling tajir dewe sak deso,
mesio tipine munk ireng putih, lan mesio
ugo tipine yo munk le nemu. Jan ngayal
tenin nek jaman semono kok yo ono seng
mbuang tipi,.,.
Ora awan, ora esuk, ora sore lan ora bengi
(trus kapan nek ora kabeh?), parmin seng
maune munk bingas bingus rareti opo2 kui
dadi ketagihan ndeleng tipi terus. Cah siji
iki dadi kesenengen. Munk siji seng
nggarai parmin jengkel, nek pas tanggane
melu2 ndeleng tipi, trus do ribut2.
Mergane ono seng pengen nonton
ketoprak neng TVRI, nanging ono ugo
seng pengen nonton anoman kobong neng
TPI. Nek wes ngono kui, mestem
kahanane dadi kisruh, piye ra kisruh lha
uwong sak deso kok numplek blek dadi siji
neng ngarep tipi kabeh. Seng nggarai
luwih kisruh meneh jebule parmin munk
pengen nonton tipi mati alias ora diuripno,
seng jelas kui yo munk alesan wae.
Tanggane sak deso seng do teko pengen
melu nonton yo kepeksone do minggat
kabeh mergane ra oleh nonton karo
parmin. Jare mink do nggarai brisik lan
ngebak2i nggon wae.
Asline parmin munk pengen tipine kui
didep dewe ngasik matane njemblek.
Sedino dino gaweane munk dlongsoran
neng ngarep tipi. Madang neng ngarep
tipi, turu yo neng ngarep tipi, tangi turu
iseh rembesen yo langsung ndeleng tipi.
Untunge wae ngising barang ora neng
ngarep tipi. Seng paling dienten enteni
parmin neng ngarep tipi ke acara tipi seng
njredule nek munk wayah esuk thok.
Yoiku nyanyian lagu kebangsaan
indonesia raya karo garuda pancasila.
Sejatine parmin babar blas ra seneng karo
lagu indonesia raya, nanging nek pas lagu
iki njredul, parmin mestem dadi seneng
byanget mergane lebar kui, lagu garuda
pancasilane melu njredul. Intine parmin
wes kedanan karo lagu garuda pancasila.
Nanging jaman semono, ngertine parmin
judul lagu senengane kui dudu garuda
pancasila nanging"tribang tribang saku".
Pendak esuk parmin ndadak ngggembeng
ngeyel ngedrel kon nyetelke tipine trus
ngenteni lagu tribang tribang saku
njredul. Tekan siki parmin iseh kelingan
lirik lagu tribang tribang saku ke koyo
ngopo. Ngene iki lirike;
Garuda pantasia
Akulah pendukurmu
Patiot pokanasi
Sedia beroban nuntukmu
Pantasia dasar negara
Rakyat adil makmur sentosa
Tribang tribang saku
Ayo maju maju ayo maju maju
Ayo maju mundur
Le nyanyekke lagune pas tekan tribang
tribang saku mestem njut di sengkak2ke
ngasi rasane koyo arep njeplak telak'e.
Mbuh kupinge parmin seng rada sowak
opo malah suarane tipi seng ra beres,
iso2ne parmin nangkep lirik lagu garuda
pancasila mlenceng adoh seko lirike seng
bener. Siki parmin wes gede, wes sak joko,
mesio bocahe reti nek lirik kui salah
nanging parmin tetep rumongso nek lirik
kui seng paling bener. Lirik kui mau wes
bener2 mendarah daging neng utekke
parmin, jian ra isoh dilalek'ake tenin.
Naging lirik seng muni "ayo maju
mundur" kui pancen digawe nyleneh karo
bocahe, mbuh sopo kui seng nggarai.
Pokokmen, seng jenenge pendidikan lan
moral ke kudu diajarke kawit cilik. Yen
ora, arep dadi opo bocah kui? Arep dadi
koyo parmin po? Wes reti salah nanging
tetep dianggep bener.
Sent from my BlackBerry®
powered by Sinyal Kuat INDOSAT

Jumat, 10 Juni 2011

misteri dendam lik ndirah

Photobucket
Dudu gambare lik Ndirah

Wengi iki lik Ndirah susah merem. Ngantek wes jam setengah telu esuk wonge mink klisak klisik ae. Ndase mumet mikirno kelakuane Samsul lan bolo-bolone. Wes bola bali rondo tuwek tur elek kui digae mangkel karo joko-joko begundal, terutama Bedjo sek wingi wes nguncali deknen nggo boto nang kali Deres.

"Gak isoh dingapuro tenan ki, pokokmen sesuk kudu tak bales. Titeni ae"

Tiwas wes ngantek meh subuh gak isoh turu, yoweslah deknen langsung menyat ae seko kasure sek mambu pesing. Gak usah turu sisan ngantek esuk, ngono jare. Utekke yo dadi semrawut mikir piye carane mbales loro atine marang Samsul lan bolo2ne. Saking mumete, ndase madan dipijet-pijet, dikukur-kukur, ngantek diowal awul sisan rambute sek gondrong kui. Nek dibayangno malah dadi koyo gendruwo rewa rewo.
Koyo biasane ae nek gek mumet deknen kudu ngempakno udud, sek penting cangkeme sek reyot kui kudu kemebul tur nggedabul.

Deknen langsung nang pawon kredek-kredek jupuk besek nggoleki lintingane. Ndilalahe lintingane kok yo entek. Yowes, lik Ndirah tko nglinting ae opo anane sek isoh dilinting. Pas banget cedak luweng kae ono klaras lan sepet. Jangankan klaras, ono blarak yo mesti nglinting blarak. Congor lan ndase dicedakno nang congor luweng sek ono mowone. Bayangno, iki congor ketemu congor bro. Gak suwe cangkeme langsung kemutuk bules kebal kebul, karo ngedep kopi ireng campur areng. Jian ketok marem tenan le sedat sedut ngemporke ududte.
Ndas mumet ngene cen enake rokok'an, jare. Ndase wes marem, atine tentrem, lambene mesam mesem, tandane lik Ndirah wes entuk ide.

"Hahaha,. (Ujug-ujug ngakak banter)Rasakno pembalasanku sesuk,. Hahaha" (watake wes malih sumringah).

Mesio wes entuk ide, tapi deknen wes kliwat gak isoh turu. Teko diterusno ae kui le nyedot udud lintingan klaras lan blarak. Soyo suwe udud lan kopine wes keri tegesan lan ndegndeg'an kopi thok, tapi yo soyo suwe kok malah soyo kemutuk ae. Bukane kebule entek malah nambah akeh. Gak mung cangkeme sek kemutuk, mulai lambe, irung, kuping lan rambute, sak endas kemutuk kabeh. Bules poll,.

Gak ngertine jebul rambute lik Ndirah katut kebrongot pas congore nyedak-nyedak congor luweng mau. Spontan ae deknen langsung njenggirat njrundal-njrundil koyo wong kesetanan. Padahal rupane setan we jek mendingan ketimbang rupane lik Ndirah. Samar omahe melu kobong, deknen langsung nyrunthul mlayu metu, mubeng-mubeng omah, tulang tulung, trus kepleset. Sidone yo mink kecemplung nang kalen meneh, klebus-klebus meneh. Jian Innalillah tenan,.

"Wasyuu,.,. Durunk sido balas dendam malah wes nyemplung comberan meneh,. Nasiiiiiibb,.,. Nasib,."

Samsul: Sumuk poll,. (Ucul-ucul klambi)
Paijo: Tapi angine kenceng poll,. Ayo bro, ngulukke layangan koyone enak ki. ! (Gak melu ucul-ucul)
Samsul: Ndasmu,.! Kok pikir aku jek cilik po kon dolanan layangan?
Paijo: Hash, kolo-kolo ki refreshing ngono lho.
Bedjo: Iyo, bener dab. Daripada mink klentrak klentruk ngene, mendingan peplayon nang lapangan. Silir dab,.!
Paijo: Matamu suwek kui silir.,! Nang ndi-ndi jenenge peplayon malah sumuk bro.
Samsul: Nek le do dolanan nang kali ae isoh gak? Sisan aku tak adus, ciblonan disit nang kali. (Karo ngelapi kringete sek wes dleweran kretes-kretes nang awake)
Paijo: Yoh gak popo.
Samsul: Lha ndi Parmin?
Bedjo: Mau diceluk bapakne. Jare kon ngedusi Mario.
Paijo: Wes lah, Parmin tinggal ae,.!
Samsul: Yo ayo, ndang,.
Parmin: (krumbuk-krumbuk sambi nyeret-nyeret wedhuze)
Bedjo: Lha kae bocahe, gek pacaran karo wedhuse.
Paijo: Bro, ayo melu ngulukke layangan.
Parmin: Wah sorry boy, gek dikon bapakku ngedusi Mario ki. Mengko ae nek wes bar aku tak melu gaul meneh.
Samsul: Gaul ndasmu,.!! Iki arep nang kali Deres, bareng sisan pora?
Parmin: O haiyo beneran bro, sisan bareng, tur yo sisan rewangi ki nyeret Mario.
Bedjo: Halah, wedhuzmu gampang, gotong ae.

Cah telu langsung menyat nulungi Parmin nggotong wedhuze. Mario bengak bengok, sikile mroncal-mroncal gak gelem dijak nang kali. Mario wedhuz begundal kui cen pawakane gagah gede dhuwur, sak pas ae nek cah papat ngantek krenggosan kabeh le nggotong wedhuz begundal kui.

Mario: Mbeeeek,. Mbeek,. (Tuluung,. Tuluung,. Ancuk kwe Min. Aku ki wes aduz, mosok yo arep kok pekso adus meneh,.!?)

Begitu teko kali, Samsul sek wes gak
betah sumuk langsung wudoh trus njegur.
Gak suwe Bedjo melu sisan. Paijo tetep konsekuen dolanan layangan nang pinggir kali. Mesio layangane kaet mau gak gelem mabur, tetep ae jek sibuk ro layangane. Parmin sek kudu ngedusi Mario, wedhuze, golek nggon rodo adoh mergo diancem Samsul, gak oleh cedak-cedak. Selak pingin melu kungkum, Parmin ngedusi wedhuze
sembarangan, ngawur, nggarai Mario keloro loro. Wedhuz begundal kui misuh-misuh mangkel. Parmin gak ngroso malah selot sak karepe wudele le ngedusi, akhire deknen diidoni ambe Mario.

Parmin: Ancuk! Wedhuz kurang ajar!
Mario: Mbeek,. (Opo,.!? Kok pikir gak loro po awakku kok kosoki nggo watu sembarangan)
Parmin: Yo wes adusen dewe kono nek gak gelem. Wes tuwek kok njaluk diadusi, ngrepoti ae sih!
Mario: Mbeek,. (Dengkulmu amoh,.!! Sopo sek njaluk kok adusi? Waton njeplak ae kui cocotmu,.!) Chuih,. *mlengos karo ngidu, trus pindah nggon ngebleh ebleh nang nduwur watu gede*

Wes gak sabar meneh, Parmin langsung nyopot klambine trus diuncalno nang
duwur watu, dadi siji ro klambine bolo2ne.
Bocah telu kui saiki dolanan banyu. Kadang cepet-cepetan nglangi nang seberang. Saking asyike ngantek gak kroso nek ONO UWONG SEK NGAWASI.
Bareng wes sore, wes kesel le dolanan
banyu, pas arep njupuk klambi madan do kaget kabeh, ngerti-ngerti klambine wes gak ono nang duwur watu.

Samsul: Dancuk! Klambiku nang ndi ki?
Parmin: Klambiku yo gak ono ik,.,.
Bedjo: Nggon aku yo ilang!
Parmin: Ciloko, piye carane mulih nek wudoh ngene?.
Samsul: Ngantek konangan sopo sek jupuk, tak plathok tenan ndase,.!.
Parmin: Isoh diajar bapakku ki aku nek kesuwen le nggo bali Mario. Waduh , matek tenan ki aku.(Mimbik-mimbik wes meh nangis)
Bedjo: Dab, Paijo yo gak ketok le dolanan ki,.!

Ujug-ujug krungu suorone Paijo njaluk tulung seko nduwur pereng. "Tuluung,. Tuluung,." Ngono jare. Gak suwe suorone yo melu ilang, mink ketok layangane Paijo nibo seko nduwur nibo nang ngarepane Bedjo.
Dienteni ngantek peteng, tetep ae gak ketok uwong sek isoh dijaluki tulung.

Bedjo: Lha piye ki? Isoh methotholen nek kungkum terus.
Samsul: Kudu ono sek mulih trus jupukno klambi.
Bedjo: Sopo?
ParSul: Yo kowe kui (bareng le ngomong)

Gelem gak gelem, (piye gak gelem wong
diancem), Bedjo mink isoh manut. Deknen mentas karo nutupi perkakase nganggo layangane Paijo. Mesio wes diusahakno mlipir liwat kebon, tetep ae ono uwong siji loro sek gak isoh dihindari. We ndadak pethukan karo mbak Menul barank. Deknen mink mesam mesem isin campur seneng weruh Bedjo sek kothar kather mink tutupan layangan kui. Saking jengkele ambe Samsul lan Parmin, Bedjo bukane mbalik nang kali malah madang nang ngomah,.

Nang kali, Samsul karo Parmin wes selak methotholen.
Samsul: Dancuk,.! Suwi byanget sih Bedjo ki.
Parmin: Ojo-ojo deknen diajar bapakne trus gak oleh mbalik.
Samsul: Woo,.,. yo titeni ae tak ajar sisan
sesuk nek ketemu.
Parmin: Terpaksa boy, kudu ono sek mulih meneh. Ndang mulih kono,.!
Samsul: Gak isoh,. Lha kok pikir gak isin po mulih wudoh koyo ngene. Kowe ae sek mulih bar kui mbalik mrene neh.

Wes apal modele Samsul, Parmin wes gak wani meneh kakean cocot. Deknen langsung mentas karo golek godong jati sek tibo nang pinggir kali. Mario sek jek nang pinggiran mink mesam mesem ndeleng Parmin sek mbediding gak klambenan.

Parmin: Opo kowe mesam mesem,.!? Tapuk sisan lho kowe,.!
Mario: Mbeek,. (Tapuken jal nek wani, tak kandakno bapakmu.)
Parmin: Wes ndang ayo mulih, selak maghrib ki.
Podo ae mlipir kebon, tetep ae gak bedo karo dalane Bedjo. Mario sek dikongkon mlaku nang sandinge nggo tameng, malah mlaku banter kadang mlayu, garai Parmin misuh-misuh. Wong-wong sek ndelok langsung dipendeliki, diseneni sak durunge takok. Tekan ngomah, Parmin diseneni entek-entekan karo bapakne.

Samsul: Asyu kabeh! Gak ono sek mbalik blas ki. Njaluk diajar siji-siji tenan kae bocah,.!
Samsul sek wes jam-jaman kungkum mulai kathuken. Awake nruthuk adem kabeh.
Untune grewelan. Suoro adzan sayup
krungu soko langgare Pak Yai.
Samsul: Ancuuuuuuuuuuuuuuuukkk,.!!

Photobucket
Mario

widhi_zf@yahoo.com

pesbuk'e jangkrik