Halaman

bolo-bolo sek wes ngengkrik

blogspot visit
counterEkor (buntut)

Senin, 27 Juni 2011

Kanggo dek Rainem (raine ono enem)

Kanggo Dek Rainem belahan hatiku,

Dek, wes suwe sakjane aku pengen nulis surat iki nang awakmu. Tapi embuh nopo rasane tanganku dadi kaku. Omongan sek wes nang pinggir lambeku, pikiran sek saben bengi mubeng-mubeng nang ndasku akhire mung dadi impen-impen thok gak isoh metu.
Turu yo gak isoh pules, miring ngalor ngidul tapi yo podo ae. Kaet isoh turu sediluk ae malah wes impen-impenen sek gak jelas. Isoh-isoh edan aku nek koyo ngene terus. Kui sebabe dek, tak wanekno nulis surat iki, tak pekso utekku mikir, ngetokno uneg-uneg sek kesuwen meh mbosok nang pikiranku.
Dek Rainem cah ayu, jare makmu raimu koyo Inem babu tonggo sebelah omahmu. Opo kui sebabe kowe dijenengi Rainem? Rai koyo Inem (sakjane kowe ki anake babu sebelah omah opo anake makmu sih? Hihihi, iki guyon, ojo nesu). Nek jare aku sih Rainem kui seko kata raine ono enem. Sik sik, ojo ngamuk disik, durung rampung ki.
Saben ndelok raimu roso-rosone mben dino kowe ganti rai. Kadang koyo koncone Hari Poter sek ayu kae, kadang kowe koyo Riana, wong wadon ireng sek nyanyi karo masku Eminem. Dino iki koyo pacare sapidermen, sesuke kok malih koyo penyanyine nopember ren. Pokokmen sip, top markotop jos gandhos selawe papat tenin lah.
Dek, ngertio kowe nek saben ndelok awakmu atiku rasane slewah gak karuan. Kowe mlerok, atiku langsung gogrok, logor gak jelas ilang nang ndi, ketoke katut temangsang nang atimu.
Lambemu mencep, duh rasane koyo peso nancep nang atiku. "Jlub,. Jlub,." ngono rasane. Kowe mesem aku selot kesengsem. Asem! Mung kui sek isoh metu seko lambeku saben ndelok kowe liwat ngarep omah. Sek koyo ngono kui kowe ngerti gak?
Gak mink awakku sek loro kabeh, atiku opo meneh, malah ajur. Koyo lagune smes kae lho, atiku cenat-cenut jare. Ngaranku mending digepuki wong sak kampung ketimbang kudu ngroso loro sek gak jelas koyo ngene.
Dek Rainem cah ayu, aku ngerti roso iki cen abot. Ojo muni nek abot ki digowo pindho yo! Iki abot diroso, abot sisan dilakoni. Kowe ngerti dewe nek aku ki mink tukang ngarit. Gak duwe emak. Bapak siji yo mink bakul roti. Mben dino gaweanku yo mink golek ramban nggo makani wedhuzku sek mink siji, gak manak-manak.
Dunyoku bedo karo dunyomu. Kowe anake wong nduwe, sugih, mulyo. Bapakmu mandor, sawahe yo ombo. Mesio mink ungkang-ungkang yo gak bakalan kurang, opo meneh ngantek keluwen bin kaliren. Tapi siji dek, siji sek tak antepi, sayang lan cintrong kui gak mandang bondo, gak ndelok rogo. Nek isoh milih, aku dewe yo gak pengen dilahirno dadi anake wong kere susah koyo ngene. Nek isoh milih aku pengen koyo Mas Trimo sek isoh sekolah trus kuliah nang mesir. Tapi jangankan kuliah, mangan ae aku kudu rayahan karo wedhuzku.
Kok malih nglantur gak jelas ngene sih? Sek messti dek Rainem, sayangku nang awakmu kui tulus. Cah ayu nang dunyo iki akeh, gampang golekane, wong banci ae saiki yo do ayu-ayu kok, malah angel dibedakno karo sek wadon asli. Tapi atimu, polahmu, aku yakin gak ono sek madani opo meneh ngantek nandingi. Aku gak iso janji opo-opo, lha ngimpi ae aku wes gak wani. Tapi sek mesti cintrongku iki mink siji dek, nggo awakmu lan bakal tak jogo ngantek mati. Nek jarene este rolas, "aku padamu".
Iki suratku nggo awakmu sek kepiro jal? Aku lali. Dek Rainem, nek surat sek wingi gak paernah dibales, tulung tenin nek sek iki dibales. Aku pancen sengojo surat sek wingi-wingi ki mink kertas blanjane makmu.
Mungkin kowe gilo, mangkel, gak seneng karo surat iki tapi tulung elingo ono uwong sek bakal ketulo, nelongso ngenteni balesanmu.
Surat iki bakal tak titipno adikmu, dudu maksud gak sopan tapi aku durung wani nemoni awakmu langsung. Lhawong adoh sisan piye arep nemoni? Nek awakmu pengen bales, mengko titipno adikmu sisan. Adikmu lak wes cengli karo aku.
Ojo ngantek wong tuwomu karo bapakku ngerti bab iki, opo maneh wedhuzku. Nek ngantek wedhuzku ngerti isoh kiamat tenan, wedhuz nek cemburu sok ngamuk-ngamuk gak ketulungan. Sementara iki jarno ae, mink kowe ae sek ngerti perasaanku nang awakmu. Tak tunggu balesanmu.
Pisan meneh tulung dibales, ojo suwe-suwe atiku selak brengosen.


Tertanda aku sek selalu padamu,

Paijo
Sent from my BlackBerry®
powered by Sinyal Kuat INDOSAT

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

widhi_zf@yahoo.com

pesbuk'e jangkrik