Halaman

bolo-bolo sek wes ngengkrik

blogspot visit
counterEkor (buntut)

Rabu, 20 Juli 2011

Sinau Moco (dudu mocopat)

Dusun Suwung sing lagi sepisan ayem tentrem, saiki ketekan guru anyar seko kutho. Bocahe pinter yo ayu sisan. Jenenge Riska Lestari, tapi mbuh ngopo nek Susan nyeluk deknen muni mbak Icha. Icha sing asline pernah dulur karo Susan kui jek kuliah, iki lagi ono tugas seko kampuse kon ngajar warga dusun Suwung sesasi lawase. Dusun Suwung sing biasane adem ayem langsung heboh kabeh wargane, kecuali Paijo sek jek stres durung trimo ditinggal mati wedhuse (stres peng pindo critane). Lik Pardi sek selaku kadus, ngantek kudu bola-bali ngewei pengertian nang wargane ben podo anteng tapi malah polahe kabeh podo gak iso dikandani. Mbak Icha sing kulite putih, cemlorot koyo keramik ngantek keweden weruh polahe wong-wong sing gak umum kui. Ono sing nyedek-nyedeki deknen, malah yo ono sing saking gemese wani jawil-jawil, nyoleki pipine mbak Icha.

Sakwise dikandani plus diomeli Lik Pardi, warga diancem nek ngantek kurang ajar nang mbak Icha bakal diukum kon ngeritno suket, nggo makani wedhuse warga sak dusun genep sesasi. Alhamdulillah, akhire kabeh wong iso podo tenang, wes gak wani cluthak meneh.

Sabendino, mulai seko isuk ngantek bengi warga sing wes dibagi-bagi dadi pirang-pirang kelompok podo kumpul nang bale Suwung, arep belajar. Wayah isuk nggo bocah-bocah cilik, awan nggo sing rodok gede, nek sorene kanggo poro tetuo (emak-emak karo bapak-bapak). Bedo karo jadwal liyane, nek bengi kanggo bocah nom-noman lanang (sing wedok dilebokno kelas awan ae ben gak ngganggu konsentrasi belajar, wedine malah podo pacaran dewe-dewe).

Bengi iki bakda Isya’ mbak Icha wes siap arep mulang. Kelas wes rame. Kiro-kiro wes ono punjul seko wong sepuluh nang kono. Bocah-bocah sing meh kabeh wes podo brengosen kui wes siap lungguh nang barisan bangku dowo sing khusus dicepakno lik Pardi nggo mbantu proses belajar. Gak ketinggalan Samsul karo Parmin. Bocah loro kui wes siap nang bangku ngarep dewe. Gak koyo biasane, cah loro kui ketok semangat plus rapi. Buku karo alat-alat tulis sing dibagekno mbak Icha wes siap nang nduwur mejo.

Icha : Selamat malam, semuanya!
Cah-bocah : Selamat malam, Bu Guru!
Icha : Sudah siap belajar semuanya?
Cah-bocah : Siap, Bu Guru!
Icha : (Mesem terus ngajak bocah-bocah ndungo) Sekarang lanjutkan belajar membacanya ya? Lanjutan bab yang kemarin malam. (Mulai nulis nang papan tulis). Ayo semuanya ikut mencatat dulu, nantinya baru kita baca bersama-sama.
Samsul : Cen ayu tenan Bu Guru iki (bisik-bisik nang Parmin).
Parmin : Ho’oh. Cocok dadi pacarku (mbales bisik-bisik).
Samsul : Ndasmu! Raimu koyo codot kepising ngunu kok PD. Yo luwih cocok karo akulah.
Icha : Ayo, Mas Samsul sama Mas Parmin kok nggak nulis?
Samsul : Nulis Bu Guru, niki lho si Parmin ngajaki ngomong ae.
Parmin : Kok aku? (gak trimo tapi gak wani nerusno, motone Samsul wes menteleng-menteleng, ngancem).
Icha : Ya sudah, dilanjutkan nulisnya, setelah ini kita baca sama-sama..

Bocah-bocah lanang sing biasane gaweane mung ngarit, golek kayu karo macul nang sawah kui ketok rekoso nyekel pulpen. Gayane jan gak koyo bocah sing tau mangan sekolahan. Bedjo sing blas durung tau sekolah malah gak gelem lungguh nang bangku, gak penak jare. Deknen milih klesotan nang njogan ben semriwing rasane. Paijo yo gak adoh seko Bedjo, tangane sing biasa nyekel arit, mbladogi kayu nang alas ketok kaku nyekel pulpen. Kaet pertama sinau tekan saiki deknen wes entek pulpen limo keno polahe podo puklek, tugel kabeh.

Icha : Ayo sekarang kita mulai membaca. Sudah selesai kan nulisnya?
Cah-bocah : Sudah, Bu Guru!
Icha : B-A…BA, J-U…JU…BAJU!
Cah-bocah : B-A…BA, J-U…JU…BAJU! (kompak le nirokno).

Mbekkkk! Mbekkk!
Krungu ono suoro sing gak sak wayahe, Icha langsung meneng, kaget. Pipine langsung abang sakwise ngerti nek ono wedhus sing melu sianu nang bale Suwung.

Icha : Kok ada kambing? Punya siapa?
Cah-bocah : (Melu kaget, plenggang-plenggong kabeh).
Icha : Di pinggirin ya kambingnya, biar nggak ganggu.
Bedjo : (langsung ngadek, gendong wedhuse)
Icha : Oh punya Mas Bedjo ya? Kalo belajar nggak usah dibawa ya Mas kambingnya.
Bedjo : Kasian buk, nggak ada temene (ngomong karo masang rai melas).
Icha : (Gak tego ndelok raine Bedjo sing melas) Kan cuma sebentar. Ditaruh di depan Balai saja ya, di bawah pohon mangga depan itu.
Bedjo : (Geleng-geleng karo jek nggendong wedhuse).
Samsul : Itu pacarnya, Bu. Dia nggak mau ninggal pacarnya di rumah, takut direbut orang. Makanya dari kemarin nggak ikut blajar.
Cah-bocah : hahahahaha (podo ngguyu, kelas langsung rame).
Bedjo : (Jek meneng ae karo ndingkluk trus krembuk-krembuk arep ngaleh).
Icha : Lho, mau kemana?
Bedjo : Pulang (selot melas raine).
Icha : Kok pulang? Kan belum selesai belajarnya. Nggak papa, kambingnya biar disitu saja, ditaruh bawah ya (ngrayu karo mesam-mesem).
Samsul : (Gak trimo ndelok Icha perhatian nang Bedjo) Cen aleman kok Bedjo iki. Sekolah kok nggowo wedhus, ganggu kancane ae. Ngko nek stres koyo Paijo tak sukurno.
Icha : Nggak papa. Ayo Mas Bedjo, duduk lagi ya.
Bedjo : (Ndelok Icha sing mesem manis akhire atine luluh. Lungguh meneh, trus wedhuse dilungsupno nang ngisor bangku).
Samsul : Kurang ajar Bedjo iki, sengojo ketoke arep ngrayu Bu Guru. Awas kowe ngko (ngomel nang Parmin).

Pelajaran akhire diterusno. Samsul sing jek mangkel, selot mbedodog atine ndelok Icha mesam-mesem. Bu Guru sing ayu kui luwih perhatian nang Bedjo timbang de’e. Nek dibanding bocah liyane pancen Bedjo duwe kelebihan. Bocahe anteng, gak kakean omong. Rupane yo manis mesio asline gak patek ngganteng, ireng sisan. Parmin sing ndelok Samsul misuh-misuh melu panas sisan. Deknen yo melu gak trimo, gak seneng karo Bedjo.

Lagi enak-enak sinau moco moro-moro seko adoh krungu suoro rame-rame. Tukimin, tukang jogo gudang penggilingan pari mecungul nang bale. De’e petentengan.
Icha sing gak biasa weruh wong medeni (tampange Tukimin cen koyo garong) langsung keweden, ndredek meh semaput.

Tukimin : Selamat malam Bu Guru (weruh cah ayu, rupane sing maune sangar langsung malih koyo hello kitty).
Icha : (Meh nggeblak saking gak nyongko, kaget) Iyya…slamat malam Pak. Ada perlu apa?
Tukimin : Ngapunten nggih, mohon maaf nek ngganggu bu guru ayu. Saya cuma mau nyari sepatu, sepatu kulo ical buk (karo mesam-mesem).
Samsul : (Kaet weruh Tukimin njedul nang bale, raine langsung pucet)
Icha : Nggak papa, tapi siapa yang ngambil?
Tukimin : Cuma ada satu maling disini Bu Guru ayu. Niku si Samsul.
Samsul : (Krungu jenenge disebut tambah pucet raine, sikile grewelen nang ngisor bangku).
Tukimin : Ayo ndang dibalekno!
Samsul : Sik ta lik…lik, kurang sediluk ae ki lho (Mesio wedi tapi tetep njajal ngeles. Masang rai melas).
Tukimin : Gak iso, kui arep tak nggo kerjo! Ayo ndang dibalekno, tak gibeng sisan kowe ngko!
Samsul : (Ngadek trus maju nang ngarep) Nyooh, ngono ae nesu.
Tukimin : Ndasmu kui! Iki sepatu nggo kerjo dudu nggo sekolah. Kowe kon nukokno emakmu ae kono nek pingin.
Icha : Sabar Pak Kimin. Mas Samsul, nggak perlu pake sepatu kok. Pake sandal nggak papa yang penting bisa belajar.
Samsul : (Isin. Mung manthuk-manthuk ae).
Tukimin : (Njupuk sepatune, sepatu plastik duwur sing biasa dinggo nang sawah) Bocah kok pingine nggaya tapi ga gelem bondo.
Samsul : Timbang sampeyan, tuwek tapi gak iso moco! (pingine mung ngomel tapi kebanteren).
Tukimin : Jare sopo aku gak iso moco? (ngamuk) ngene-ngene aku biyen yo tau sekolah.
Samsul : Moco opo? Wong tanda tangan ae gak ngerti ngono (gak peduli karo Tukimin sing biasane diwedeni)
Tukimin : Ngece. Rungokno ki. M-A…MA, T-A…TA, M-U…MU…MATAMU!
Cah-bocah : (Ndelok Lik Tukimin emosi malah podo keplok-keplok nyemangati) Ayo! Ayo! Lawan! Lawan!
Samsul : (Panas atine) M-A…MA, T-A…TA, M-U…MU…D-E…DE, W-E…WE…MATAMU DEWE!
Tukimin : (Selot panas) A-S-U…ASU!
Samsul : K-O…KO W-E…WE…KOWE. S-I…SI mateni NG…SING. A-S-U…ASU. KOWE SING ASU!
Tukimin : (kroso disepelekno karo bocah sing jek pernah ponakane, deknen selot emosi) D-A..DA mateni N…DAN. C-O…CO mateni K…COK. DANCOK!

Icha sing gak ngerti bahasane mung meneng ae, tapi nek ndelok raine Lik Tukimin karo Samsul sing abang ireng koyo wong kesetanan, bocahe malih wedi, ndredek. Bola-bali usaha nyabarno wong loro sing podo emosine kui tapi gak berhasil. Cah-bocah liyane, kecuali Bedjo karo Paijo, podo bengak-bengok nyemangati. Bedjo nggendong wedhuse trus ngajak Icha minggir. Gak ono gunane ngomong karo wong sing podo lagi emosi, jare nang gurune sing ayu kui. Krungu rame-rame Lik Pardi sing kaet mau nang njero kamar, lagi loro untu langsung metu. Cah-bocah sing ngrumbul nang tengah, ribut, langsung minggir kabeh.

Lik Pardi : J-A..JA mateni N…JAN. C-O…CO mateni K…COK.K-A…KA, B-E…BE mateni H…BEH. JANCOK KABEH! Gak ngerti wong lagi loro untu po he?

Akhire cah-bocah kabeh (kecuali Bedjo karo Paijo), ditambah Lik Kimin diukum karo Lik Pardi. Mulai sesuk isuk kudu kerja bakti ngresiki kandang wedhuse Lik Pardi karo warga liyane saben isuk karo sore. Tapi mergo Icha ngedem-ngedem, njelasno perkorone akhire sing diukum mung Samsul karo Lik Tukimin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

widhi_zf@yahoo.com

pesbuk'e jangkrik