Halaman

bolo-bolo sek wes ngengkrik

blogspot visit
counterEkor (buntut)

Jumat, 29 Juli 2011

Dilit meneh poso yo Mak?

Mbukak-mbukak tanggalan kok jebule wes wolulikur ruwah, tandane dilit meneh wes ketemu sasi poso. Samsul sek wes nyiapno acara kumpul-kumpul karo koncone ketok bingung rupane. Dlosoran nang ngarep tipi, malah gak mudeng opo sek didelok. De'e mulai mikir piye carane ben iso gae ngiri konco-koncone.
Gak ono coro liyo meneh sak liyane njaluk nang emak'e, mesio de'e kudu siap-siap keno omelane sek mesti ndladrah dowone gak umum.

Ndilalah lagi enak-enake mikir, emak'e teko. Wong wadon setengah tuwo sek wes rondo ono limang taun kui duwe kios cilik nang pasar. Lebar ndekekno gembolane, de'e lungguh nang kursi.

Samsul : (cengengesan, senjatane nomer siji)
Emak : (meneng ae, gak nggape)
Samsul : Gek mulih Mak? Kesel?
Emak : Gak. Wong sekti! (sombong)
Samsul : (cengengesan maneh, ancen rodo menceng utekke) Dilit meneh poso yo Mak?
Emak : Jarene sih ngunu (sok cool)
Samsul : Sampeyan sesuk arep solat pora mak?
Emak : Solat opo? (sok kaget, langsung tangi)
Samsul : Lha piye ta sampeyan iki Mak? Yo solat traweh lah, mosok solat mayit,.
Emak : Lha nek kowe arep solat pora?
Samsul : Yo jelas! (sombong)
Emak : Opo kowe isoh? (nadane ngece)
Samsul : (kukur-kukur rambut, gak kukur-kukur bokong) Yo isoh lah. Wong keri melu-melu liyane ae. Liyane njengking yo melu njengking, nek do njempong yo melu njempong.
Mak, (nadane manja) mbok yo aku ditukokno sepatu (mulai ketok asline)
Emak : Arep nggo opo? Wong sekolah ae yo gak tau kok arep tuku sepatu. Arep dadi hansip po?
Samsul : Lha mosok hansip thok sek sepatuan ,.!? (mangkel) Arep tak nggo sesuk dino rioyo ki lho Mak. Lebar solat Id arep dolan karo bocah-bocah.
Emak : (meneng ae, menjap menjep lambene)
Samsul : Halah Mak, anak mung siji njaluk sepatu ae gak dituruti (mulai macak melas)
Emak : Kok koyo wong YES ae sih kowe? Dolan ndadak sepatuan.
Samsul : Lha aku iki ketua genk lho Mak, sampeyan gak ngerti po?
Emak : Genk opo?
Samsul : Genk Gaul Mak,.!
Emak : Gaulandangan po?, rai gemblung ngono kok gaul
Samsul : Senengane ngrendahno anake dewe. Yo wes aku gak sido njaluk sepatu, tukokno bebe ae
Emak : Opo kui bebe?
Samsul : Halah, mesti ra ngerti sampeyan iki. Kae lho hape sek akeh nang tipi-tipi, sok dinggo artis-artis kae lho Mak
Emak : Lha piro regane?
Samsul : (seneng, kethoke berhasil nek iki) Paling mung telung njutaan
Emak : Ndasmu krewak!
Samsul : Hash, kabeh-kabeh kok gak oleh! (mangkel meneh) Sampeyan ancen gak seneng nek aku seneng ta? Aku iki ketua genk Mak, nek gak menei conto sek apik yo isin.
Emak : Conto opo? Conto carane gawe makmu ndang mati kere ngono po?
Samsul : Gak ngono Mak. Maksute, aku lak ketua genk, dadi yo kudu luwih gaul ketimbang anggotane, mosok malah kalah gaule. Nek rupo kan aku wes lumayan ta.,!?
Emak : Lumayan apane, wong rupo koyo sumbu kompor ngono
Samsul : (selot mangkel, arep nggebrak mejo tapi gak wani karo emak'e) Mbuh, sampeyan ancen gak sayang karo aku!
Emak : Ealah, malah niru-niru sinetron!
Samsul : Mbuh,.! (mimbik-mimbik, arep nangis)
Emak : Oalah Sul..Sul, cen Suloyo tenan kowe iki, polahe kok ono-ono ae. Gak ngoco po Makmu iki sopo? Bakul tempe ae arep kok jak gaul, yo gak nyandak to dul,.! (Raine wes ngantek abang ireng)
Samsul : (mbrebes mili)
Emak : (wes kadung nyocot yo diterusno ae) Mbok yo eling le, dapuranmu kui luwih pantes ngarit ketimbang wira-wiri gak jelas. Gaul opo jal tak takon? Gemblung malah iyo,.! (metu sungune)
Samsul : (tambah ngidro-idro)
Emak : Nek kowe rumongso aku gak sayang karo kowe, yo kono becik minggat ae kowe,.! Gak usah melu aku meneh,.!!! (metu siunge sisan)
Samsul: (mbeker-mbeker nangis banter)

.
Sent from my AXIS Worry Free Black Borrot® smartphone

Kamis, 28 Juli 2011

•^_^•INI CERITAKU, APA CERITAMU ?? •^_^•

------------------------------------------------
-------------------------------------------------

***
Cerita Indomieku….
Waktu aku lagi kemah, aku kangen banget sama Indomie.
Terus, aku keluar perkemahan.
Sampai di warung terdekat, eh, Indomie nya habis.
Aku putus kan untuk mencarinya hingga ke pasar terdekat ,
Tanya di warung sebelahnya habis juga.
Terpaksa deh beli Mie Sedaap,
setelah aku coba rasa kari nya nendang,
Nyesal aku makan Indomie selama ini,
ternyata ada yang lebih enak dari Indomie.

***
Waktu aku masih kecil…
Nenek ku suka bgt masak indomie buat aku…
tapi sekarang nenek ku sudah tiada….!
jadi, setiap kali aku ziarah aku taburin bumbu indomie…!

***
Dulu waktu aku masih duduk di bangku SMP ,
aku selalu dibangunkan oleh alarm saat subuh untuk belajar..
tapi suatu hari aku lupa pasang alarm sehingga telat sekolah ,
lalu ayah menyiramku dengan kuah INDOMIE..
sejak saat itu aku kabur dari rumah..

***

Dulu waktu pagi aku sering banget masak indomie,
namun semua berubah sejak negara api menyerang…

Hanya avatar penguasa dari keempat elemen yang dapat menghentikannya ,
namun ketika dunia membutuhkannya dia menghilang…

Seratus tahun sejak saat itu, aku nemukan seorang avatar yang baru,
seorang pengendali udara bernama aang…

Meskipun kemampannya sangat hebat
tapi dia perlu banyak belajar
sebelum ia mampu menyelamatkan dunia…
Tapi aku yakin kalau aang bisa menyelamatkan dunia…

***
Suatu hari hanya ada sebungkus INDOMIE di lemari dapur,
saat itu kami sekeluarga sedang lapar.
Melihat hanya ada sebungkus INDOMIE di lemari
akhirnya kami sekeluarga bertarung untuk sebungkus INDOMIE.

Hingga pada akhirnya aku bacok ibuku,
aku gantung adikku dan aku tembak ayahku hanya demi sebungkus INDOMIE,
akhirnya kumasak INDOMIE dan kumakan pas selesai peruku sakit dan kulihat bungkusnya ternyata kadaluarsa. dan akhirnya pun aku mati keracunan INDOMIE.

***
"waktu gw dulu tinggal ke kaliurang pasca merapi,
gw ingat waktu gw kelaperan abis jalan-jalan ,
waktu pas mau bencana gw masak indomie,soalnya lapar banget.
eh tau2 disuruh mengungsi ke kilometer 20 jauh dari pusat jangkawan merapi.

Nah pas besoknya gw balik lagi ke rumah kemaren,
tau2nya indomie gw udah jadi indomie kuah ,
masih anget soalnya kena awan panas,n dimasak sama wedus gembhel…"

***

Suatu hari aku pengen banget mkan indomie,,
sangking pengennya aku beli tuh indomi,,,
ternyata kuahnya nendang bangeeeeeetttttt……
lalu aku tendang balek,,eh tumpah malah kuahnya

***
gue seorang facebook maniak, saking seringnya facebookan,
sampe-sampe sering begadang tiap malam.
pernah suatu malam asyik facebookan tiba-tiba laper..
sialnya warung-warung udah tutup,
terpaksa deh masak mie favorit Indomie langsung 3 bungkus.

Sambil nunggu masak yaa facebookan lagi…
eihhh….saking asyiknya didepan kompi,
gak ingat mie yg dimasak udah kelamaan, buru-buru deh ngambil mie tadi…
ternyata mie nya udah bengkak, gede banget…
hati kesel… langsung aja nulis status di facebook,

"aduhh.. kok kelamaan makin gede punyaku, bengkak nih..!!!" ,
gak sampe 1 menit nulis… teman2 cwe pada bejibun ngeLike statusku…
hahahaha…, ngakak guling-guling dah gue..

***
Dulu pas aku begadang, aku sangat lapar,
lalu aku masak indomie rasa ekstra pedas.
setelah matang, aku taruhkan cabe, bawang merah, terasi,
dan penyedap rasa ke dalam mangkok itu,
lalu bapakku lewat dan mencoba indomie buatankuitu.
30 menit kemudian, aku dan bapakku sakit perut.
dan harus dirawatdi rumah sakit karena terkena penyakit diare.
itu deritaku dan bapakku,apa deritamu dan bapakmu????…………….

***
Suatu hari makanan hamsterku habis…
Aku bingung untuk mencari makanan penggantinya…
Lalu aku menemukan sebungkus INDOMIE…
Aku putuskan saja memberikan INDOMIE itu untuk hamsterku
Dan akhirnya HAMSTERku mati keracunan INDOMIE…:D

***
Aku KECEWA sama INDOMIE, di bungkusnya ada gambar telurnya,
tapi pas aku buka kok gak ada telurnya yyach..
Akhirnya Aku berpindah dech ke MIE SEDAAP,
karena Rasanya Gak pernah Bohongg..

***
waktu itu malem2 hujan..aku lapeeeeer..
pengen banget makan indomie..
karna aku gak bisa keluar buat beli indomie,
akhirnya aku kunyah aja rambutku yg keriting...

***
Sent from my AXIS Worry Free Black Borrot® smartphone

Jumat, 22 Juli 2011

Ada SUdu BAda JIdi NGAdaN

C G C G C G C G C
C5 G5 C5 G5
Aku duwe konco siji aa ingan

C5 G5 C5 G5
Isuk isuk tekan awan micekan

C5 G5 C5 G5
Sore sore mangan tempe

C5 G5 C5 G5
(Sore sore mangan tempe)

C5 G5 C5 G5
Ora lali ngunjuk lodse

C5 G5 C5 G5
(Ora lali ngunjuk lodse)

A5
Bengi golek wedokan

G5
Mbribik kimcil gratisan

F5
Gowo bali kos kosan

E5 G5
Langsung sukuran

A5
Subuh menti ndem ndeman

G5
Nganti koyo wong edan

F5
Ngajak curhat curhatan

E5 G5
Bubar tangisan

C5 F5 C5 G5
Kodoncodokudu kodoyodo

A5 F5 C5 G5
Adasudu lodontede

C5 F5 C5 G5
Kodoncodokudu kodoyodo

A5 F5 C5 G5 C5 G5 C5
Adasudu badajidingadan


C G (banyak x)

G5
(tangi le tangi tangi le!)

G5
Holobis kuntul baris

G5
(tangi le tangi tangi le!)

G5
ora tangi tak sogok linggis

G5
(tangi le tangi tangi le!)

C5 A #5 A5 A #5 C5 A #
5 A5 G5


C F C G Am F C G

C F C G
Kodoncodokudu kodoyodo

Am F C G
Adasudu lodontede

D5 G5 D5 A5
Kodoncodokudu kodoyodo

B5 G5 D5 A5
Adasudu lodontede

C5 F5 C5 G5
Kodoncodokudu kodoyodo

A5 F5 C5 G5 C5 G5

C5
Adasudu badajidingadan




.
Sent from my AXIS Worry Free Black Borrot® smartphone

Rabu, 20 Juli 2011

Sinau Moco (dudu mocopat)

Dusun Suwung sing lagi sepisan ayem tentrem, saiki ketekan guru anyar seko kutho. Bocahe pinter yo ayu sisan. Jenenge Riska Lestari, tapi mbuh ngopo nek Susan nyeluk deknen muni mbak Icha. Icha sing asline pernah dulur karo Susan kui jek kuliah, iki lagi ono tugas seko kampuse kon ngajar warga dusun Suwung sesasi lawase. Dusun Suwung sing biasane adem ayem langsung heboh kabeh wargane, kecuali Paijo sek jek stres durung trimo ditinggal mati wedhuse (stres peng pindo critane). Lik Pardi sek selaku kadus, ngantek kudu bola-bali ngewei pengertian nang wargane ben podo anteng tapi malah polahe kabeh podo gak iso dikandani. Mbak Icha sing kulite putih, cemlorot koyo keramik ngantek keweden weruh polahe wong-wong sing gak umum kui. Ono sing nyedek-nyedeki deknen, malah yo ono sing saking gemese wani jawil-jawil, nyoleki pipine mbak Icha.

Sakwise dikandani plus diomeli Lik Pardi, warga diancem nek ngantek kurang ajar nang mbak Icha bakal diukum kon ngeritno suket, nggo makani wedhuse warga sak dusun genep sesasi. Alhamdulillah, akhire kabeh wong iso podo tenang, wes gak wani cluthak meneh.

Sabendino, mulai seko isuk ngantek bengi warga sing wes dibagi-bagi dadi pirang-pirang kelompok podo kumpul nang bale Suwung, arep belajar. Wayah isuk nggo bocah-bocah cilik, awan nggo sing rodok gede, nek sorene kanggo poro tetuo (emak-emak karo bapak-bapak). Bedo karo jadwal liyane, nek bengi kanggo bocah nom-noman lanang (sing wedok dilebokno kelas awan ae ben gak ngganggu konsentrasi belajar, wedine malah podo pacaran dewe-dewe).

Bengi iki bakda Isya’ mbak Icha wes siap arep mulang. Kelas wes rame. Kiro-kiro wes ono punjul seko wong sepuluh nang kono. Bocah-bocah sing meh kabeh wes podo brengosen kui wes siap lungguh nang barisan bangku dowo sing khusus dicepakno lik Pardi nggo mbantu proses belajar. Gak ketinggalan Samsul karo Parmin. Bocah loro kui wes siap nang bangku ngarep dewe. Gak koyo biasane, cah loro kui ketok semangat plus rapi. Buku karo alat-alat tulis sing dibagekno mbak Icha wes siap nang nduwur mejo.

Icha : Selamat malam, semuanya!
Cah-bocah : Selamat malam, Bu Guru!
Icha : Sudah siap belajar semuanya?
Cah-bocah : Siap, Bu Guru!
Icha : (Mesem terus ngajak bocah-bocah ndungo) Sekarang lanjutkan belajar membacanya ya? Lanjutan bab yang kemarin malam. (Mulai nulis nang papan tulis). Ayo semuanya ikut mencatat dulu, nantinya baru kita baca bersama-sama.
Samsul : Cen ayu tenan Bu Guru iki (bisik-bisik nang Parmin).
Parmin : Ho’oh. Cocok dadi pacarku (mbales bisik-bisik).
Samsul : Ndasmu! Raimu koyo codot kepising ngunu kok PD. Yo luwih cocok karo akulah.
Icha : Ayo, Mas Samsul sama Mas Parmin kok nggak nulis?
Samsul : Nulis Bu Guru, niki lho si Parmin ngajaki ngomong ae.
Parmin : Kok aku? (gak trimo tapi gak wani nerusno, motone Samsul wes menteleng-menteleng, ngancem).
Icha : Ya sudah, dilanjutkan nulisnya, setelah ini kita baca sama-sama..

Bocah-bocah lanang sing biasane gaweane mung ngarit, golek kayu karo macul nang sawah kui ketok rekoso nyekel pulpen. Gayane jan gak koyo bocah sing tau mangan sekolahan. Bedjo sing blas durung tau sekolah malah gak gelem lungguh nang bangku, gak penak jare. Deknen milih klesotan nang njogan ben semriwing rasane. Paijo yo gak adoh seko Bedjo, tangane sing biasa nyekel arit, mbladogi kayu nang alas ketok kaku nyekel pulpen. Kaet pertama sinau tekan saiki deknen wes entek pulpen limo keno polahe podo puklek, tugel kabeh.

Icha : Ayo sekarang kita mulai membaca. Sudah selesai kan nulisnya?
Cah-bocah : Sudah, Bu Guru!
Icha : B-A…BA, J-U…JU…BAJU!
Cah-bocah : B-A…BA, J-U…JU…BAJU! (kompak le nirokno).

Mbekkkk! Mbekkk!
Krungu ono suoro sing gak sak wayahe, Icha langsung meneng, kaget. Pipine langsung abang sakwise ngerti nek ono wedhus sing melu sianu nang bale Suwung.

Icha : Kok ada kambing? Punya siapa?
Cah-bocah : (Melu kaget, plenggang-plenggong kabeh).
Icha : Di pinggirin ya kambingnya, biar nggak ganggu.
Bedjo : (langsung ngadek, gendong wedhuse)
Icha : Oh punya Mas Bedjo ya? Kalo belajar nggak usah dibawa ya Mas kambingnya.
Bedjo : Kasian buk, nggak ada temene (ngomong karo masang rai melas).
Icha : (Gak tego ndelok raine Bedjo sing melas) Kan cuma sebentar. Ditaruh di depan Balai saja ya, di bawah pohon mangga depan itu.
Bedjo : (Geleng-geleng karo jek nggendong wedhuse).
Samsul : Itu pacarnya, Bu. Dia nggak mau ninggal pacarnya di rumah, takut direbut orang. Makanya dari kemarin nggak ikut blajar.
Cah-bocah : hahahahaha (podo ngguyu, kelas langsung rame).
Bedjo : (Jek meneng ae karo ndingkluk trus krembuk-krembuk arep ngaleh).
Icha : Lho, mau kemana?
Bedjo : Pulang (selot melas raine).
Icha : Kok pulang? Kan belum selesai belajarnya. Nggak papa, kambingnya biar disitu saja, ditaruh bawah ya (ngrayu karo mesam-mesem).
Samsul : (Gak trimo ndelok Icha perhatian nang Bedjo) Cen aleman kok Bedjo iki. Sekolah kok nggowo wedhus, ganggu kancane ae. Ngko nek stres koyo Paijo tak sukurno.
Icha : Nggak papa. Ayo Mas Bedjo, duduk lagi ya.
Bedjo : (Ndelok Icha sing mesem manis akhire atine luluh. Lungguh meneh, trus wedhuse dilungsupno nang ngisor bangku).
Samsul : Kurang ajar Bedjo iki, sengojo ketoke arep ngrayu Bu Guru. Awas kowe ngko (ngomel nang Parmin).

Pelajaran akhire diterusno. Samsul sing jek mangkel, selot mbedodog atine ndelok Icha mesam-mesem. Bu Guru sing ayu kui luwih perhatian nang Bedjo timbang de’e. Nek dibanding bocah liyane pancen Bedjo duwe kelebihan. Bocahe anteng, gak kakean omong. Rupane yo manis mesio asline gak patek ngganteng, ireng sisan. Parmin sing ndelok Samsul misuh-misuh melu panas sisan. Deknen yo melu gak trimo, gak seneng karo Bedjo.

Lagi enak-enak sinau moco moro-moro seko adoh krungu suoro rame-rame. Tukimin, tukang jogo gudang penggilingan pari mecungul nang bale. De’e petentengan.
Icha sing gak biasa weruh wong medeni (tampange Tukimin cen koyo garong) langsung keweden, ndredek meh semaput.

Tukimin : Selamat malam Bu Guru (weruh cah ayu, rupane sing maune sangar langsung malih koyo hello kitty).
Icha : (Meh nggeblak saking gak nyongko, kaget) Iyya…slamat malam Pak. Ada perlu apa?
Tukimin : Ngapunten nggih, mohon maaf nek ngganggu bu guru ayu. Saya cuma mau nyari sepatu, sepatu kulo ical buk (karo mesam-mesem).
Samsul : (Kaet weruh Tukimin njedul nang bale, raine langsung pucet)
Icha : Nggak papa, tapi siapa yang ngambil?
Tukimin : Cuma ada satu maling disini Bu Guru ayu. Niku si Samsul.
Samsul : (Krungu jenenge disebut tambah pucet raine, sikile grewelen nang ngisor bangku).
Tukimin : Ayo ndang dibalekno!
Samsul : Sik ta lik…lik, kurang sediluk ae ki lho (Mesio wedi tapi tetep njajal ngeles. Masang rai melas).
Tukimin : Gak iso, kui arep tak nggo kerjo! Ayo ndang dibalekno, tak gibeng sisan kowe ngko!
Samsul : (Ngadek trus maju nang ngarep) Nyooh, ngono ae nesu.
Tukimin : Ndasmu kui! Iki sepatu nggo kerjo dudu nggo sekolah. Kowe kon nukokno emakmu ae kono nek pingin.
Icha : Sabar Pak Kimin. Mas Samsul, nggak perlu pake sepatu kok. Pake sandal nggak papa yang penting bisa belajar.
Samsul : (Isin. Mung manthuk-manthuk ae).
Tukimin : (Njupuk sepatune, sepatu plastik duwur sing biasa dinggo nang sawah) Bocah kok pingine nggaya tapi ga gelem bondo.
Samsul : Timbang sampeyan, tuwek tapi gak iso moco! (pingine mung ngomel tapi kebanteren).
Tukimin : Jare sopo aku gak iso moco? (ngamuk) ngene-ngene aku biyen yo tau sekolah.
Samsul : Moco opo? Wong tanda tangan ae gak ngerti ngono (gak peduli karo Tukimin sing biasane diwedeni)
Tukimin : Ngece. Rungokno ki. M-A…MA, T-A…TA, M-U…MU…MATAMU!
Cah-bocah : (Ndelok Lik Tukimin emosi malah podo keplok-keplok nyemangati) Ayo! Ayo! Lawan! Lawan!
Samsul : (Panas atine) M-A…MA, T-A…TA, M-U…MU…D-E…DE, W-E…WE…MATAMU DEWE!
Tukimin : (Selot panas) A-S-U…ASU!
Samsul : K-O…KO W-E…WE…KOWE. S-I…SI mateni NG…SING. A-S-U…ASU. KOWE SING ASU!
Tukimin : (kroso disepelekno karo bocah sing jek pernah ponakane, deknen selot emosi) D-A..DA mateni N…DAN. C-O…CO mateni K…COK. DANCOK!

Icha sing gak ngerti bahasane mung meneng ae, tapi nek ndelok raine Lik Tukimin karo Samsul sing abang ireng koyo wong kesetanan, bocahe malih wedi, ndredek. Bola-bali usaha nyabarno wong loro sing podo emosine kui tapi gak berhasil. Cah-bocah liyane, kecuali Bedjo karo Paijo, podo bengak-bengok nyemangati. Bedjo nggendong wedhuse trus ngajak Icha minggir. Gak ono gunane ngomong karo wong sing podo lagi emosi, jare nang gurune sing ayu kui. Krungu rame-rame Lik Pardi sing kaet mau nang njero kamar, lagi loro untu langsung metu. Cah-bocah sing ngrumbul nang tengah, ribut, langsung minggir kabeh.

Lik Pardi : J-A..JA mateni N…JAN. C-O…CO mateni K…COK.K-A…KA, B-E…BE mateni H…BEH. JANCOK KABEH! Gak ngerti wong lagi loro untu po he?

Akhire cah-bocah kabeh (kecuali Bedjo karo Paijo), ditambah Lik Kimin diukum karo Lik Pardi. Mulai sesuk isuk kudu kerja bakti ngresiki kandang wedhuse Lik Pardi karo warga liyane saben isuk karo sore. Tapi mergo Icha ngedem-ngedem, njelasno perkorone akhire sing diukum mung Samsul karo Lik Tukimin.

Kamis, 14 Juli 2011

Salam Perpisahan

Mangkel mergo gak ono sing sido diukum, wong-wong langsung do ngedumel, protes, gak trimo karo keputusane Lik Pardi.
Tiwas wes mumet ndase, Lik Pardi yo mink isoh gedek-gedek ae.

Samin : Wes wes, do buyar ae. Iki mink salah paham, gak ono sing kudu diukum. Buyar,. Buyar,.
Lik Ndirah : Ancuk,.! Akone sopo buyar? Aturan ngendi kui buyar? Gek rame ngene kok buyar,.!

Bakul jamu sing gak trimo pelanggane ilang goro-goro digusah karo Samin, melu-melu misuh sisan gak trimo keputusan sing digawe Lik Pardi.
Samin tetep ae ngeyel, tambah semangat mbuyarno wong-wong mergo diewangi karo Mario.
Tukimin sing gek ae teko ketinggalan cerito, madan bingung arep melu-melu sing endi. Akhire deknen mink melu surung-surungan nang mburi, ben tambah rame jare.

Photobucket

Paijo sing yo gak seneng deknen dipitnah, sisan melu-melu kisruh sing nggarai rame nang Bale Suwung.
Susan sing maune semangat, mergo ditinggal Paijo akhire raine macak dadi melas. Atine mbedodok, mangkel, tapi yo arep piye meneh. Bocah ayu sing duwe roso ambe Paijo kui milih ngaleh ae, golek nggon liyo ketimbang kepidak-pidak wong sak ngono akehe. Kringete ndrodos, mlaku karo nyeret-nyeret nggandeng Maria dijak minggir. Motone clingukan, golek nggon sing tepak. Gak let suwe deknen nemu panggonan sing sip, cocok nggo semaput.

Paijo : (bengak bengok ngantek telak'e meh njeplak) Kowe ki uwong kok do goblok, ngeyelan sisan,.! Aku ki gak salah, aku dipitnah, ngerti pora,.!?…. Maria ki wes tak anggep dulurku dewe,.!
Uwong-uwong : (langsung meneng mingkem anteng kabeh, mlinguk sedilut nang Paijo trus do balik ribut meneh)
Batine Paijo : "Jhannngkriik,. Gak digape blas ik,."

"Guk,.! Guk,.! Guk,.!"
Gek rame-ramene le kisruh, moro-moro ono sing njenggong seko arahe Susan. Uwong uwong podo kaget, kabeh sing nang uteke podo ditokno nggo mikir "iki uwong opo asyu?"
Paijo sing gak kalah kagete yo melu nglinguk nang Susan. Gak let suwe Paijo mesem. Eseme tipis, seger, tur semriwing, nggarai bocah-bocah wadon sing nang kono do klepek-klepek kabeh termasuk Susan.
Susan sing gak ngerti opo-opo atine malih seneng, lambene dimanis-manisno alias mesam-mesem. Ben atine luwih manteb, deknen langsung dada-dada ambe Paijo. Durung rampung le dada, Paijo malah bengak bengok nyelukno Maria.

Paijo : Mariaaaaa,.,.!
Maria : Guk! Guk! Guk! (artine: Mas Paijo.,! Mas Paijo.,!)
Paijo : Nang ngendi ae sih kowe ki? Tak pikir kowe wes mati,.!

Kewan sing njenggongi warga kui jebul Maria, dudu Susan dudu kirik. Saking kangene suwe gak pethuk, wedhus wedok karo cah lanang kui langsung rangkul rangkulan. Maria mrebes mili, Paijo yo ho'o sisan. Wedhus wedoke kui diambungi, gak peduli karo wedhus-wedhus liyo sing podo ngowoh, bingung ndelengno polahe Paijo karo Maria. Susan sing wes pede mesam mesem, weruh kedadean koyo ngono langsung nggeblak semaput tenanan.

Maria : Guk! Guk! (artine: Mas Paijo, aku kangen)
Paijo : Aku yo iyo. Sik ta, kowe kok njenggong sih? Kaet kapan wedhus isoh jenggong?
Maria : Guk! Guguk! (artine: aku saiki dadi asyu, dudu wedhus meneh)
Paijo : Asyu kepriye?, Lha wong kowe ae jek jenggoten ngene?
Maria : Guguk guk! Guk! (artine: hash luweh, pokoke aku saiki dudu wedhus. Aku asyu)
Paijo : Yo wes lah, sak karepmu, arep dadi celeng sisan yo gak popo. Kowe nang ndi ae sih? Kowe gak ngerti po nek aku ki ngenteni kowe ben dino. Tak pikir aku gak bakal ketemu kowe meneh.
Maria : Guk! Guk! (artine: Mas, sampeyan saiki kok koyo genter ta? Selot kuru)
Paijo : Kowe koyo prenjak, cerewet tapi ngangeni (mesem)
Maria : Guk! Gukguk! (artine: kowe koyo panu, nggateli) (mrengut)
Paijo : Hehehe. Kowe koyo Luna Manja!
Maria : Guk? (artine: sopo kui mas?)
Paijo : Artis, ayu.
Maria : Guk! Gukguk! (artine: wooo ngece meneh, awas ngko tak cokot)

Paijo ngewehno tanganene. Awale Maria mink meneng ae tapi gak kuat ngempet gemes, mangkel, akhire tangane Paijo dicokot sak kuat-kuate sak kayange. Bukane ngaduh kelaran, Paijo malah ngguyu-ngguyu cekikikan.
Ndelok Paijo karo Maria, wedhus-wedhus sing mau ming ngowoh, langsung keplok-keplok kabeh bareng Mario. Tapi gak pengen nek dadi tontonan terus, Paijo ngajak Maria mulih. Wedhus wedok kui digendong. Tangane Maria (sikil ngarep maksude) dirangkulno nang gulune Paijo.
Paijo sing jek kangen gak gelem leren-leren le ngambungi wedhuse kui, trus dikekep kenceng-kenceng.
Dodone Maria mbesesek. Deknen gak ngiro tenin nek bakal isoh ketemu Paijo meneh. Nang njero atine deknen ngucap syukur nang sing kuoso. "Alhamdulillah gusti".
Gak ming kui, pikiran-pikiran nang njero ndase yo mulai metu. Pikiran-pikiran sing umpamane diterjemahno dadi koyo ngene unine:

Maria : "Saiki aku sadar, aku wes isoh ngrasakno dewe, gak ono kedadean nang uripku iki sing gak tepak. Mungkin gak apik, tapi gak ono sing bakal tak getuni. Umpomo aku dikei kesempatan ngatur uripku, utowo nglakoni uripku pisan maneh, aku yakin gak ono sing arep tak rubah. Uripku mungkin gak dowo, tapi iki wes cukup. Awake dewe ditemokno nang pasar kewan, saiki awake dewe bakal pisah yo nang nggon sing podo. Wektuku gak suwe Mas, tapi aku seneng jek dikei kesempatan ketemu sampeyan pisan maneh. Suwun Mas. Sepurane nek aku gak isoh luwih suwe meneh nang kene…"

Tangane Maria sing mau ngrangkul kuat nang gulune Paijo selot lemes. Seko irunge Maria metu getih seger. Gak suwe, ndase sing mau sendean nang pundake Paijo langsung mrosot. Motone nutup tapi seko pinggire netes luh, mbrebes.

Innalillahi waInna Ilaihi Roji'un
Sent from my AXIS Worry Free Black Borrot® smartphone

Sabtu, 09 Juli 2011

Mencoba Keberuntungan Mendapatkan Dollar Di VirtaPay

Berawal dari komen-komenan rak nggenah dengan salah satu sobat blogger, muncul satu pertanyaan; "entrane VirtaPay ki opo sih?" Terus terang, saya sendiri juga baru dengar kalo ada "online payment processor" kayak yang satu ini (kaya kiye). Penasaran juga kan jadinya. En nden saya cari aja informasinya di internet dengan bertanya kepada mbah Google, dan ternyata VirtaPay tidaklah seperti yang saya pikirkan (koyo isoh mikir ae),. Virtapay bukanlah Virtual Paymin, juga bukan Virtual Paijo.(Njuk opo?) Penasaran kan dengan VirtaPay?? Pasti donk,. Harus donk,..
Okre deh, lanjut cuy,,
Virtapay itu merupakan new online payment processor, ya ibarat seperti Paypal dan poro konco-konconya yang sejenis, serumpun dan serupa itu. Pasti udah pada tau Paypal kan? Moga-moga emang udah pada tau,. (soale nek gak ngerti, aku mink males le njelaske)

Photobucket

Berhubung masih baru (jek ijo ngono critane), jadi Virtapay sedang mengadakan prmosi besar-besaran seperti berikut ini.
1.Pertama kali join, anda akan diberikan saldo $25 gratis.
2.Setiap login, perhari anda akan diberikan $20.
3.Anda akan mendapatkan $10 setiap orang yang bergabung melalui link referall anda.
Dan masih banyak lagi promo-promo yang coba dibeberken,,(iki tak gede-gedekke ae, padahal mink sitik):D
Bagaimana?? Menggiurkan bukan?? (Nek aku sih biasa ae)
Tapi tunggu dulu, disini saya hanya ingin menjelaskan biar lebih jelas lagi dan biar nggak ada kesalah pahaman.
VirtaPay ini masih dalam masa-masa UJI COBA, belum sepenuhnya berjalan apalagi berlari. Jadi bisa aja anda sudah memiliki saldo yang banyak tapi ternyata Virtapay tidak jadi launching (ha mink ngowoh), atau malah bisa terjadi yang sebaliknya sehingga anda akan mendapatkan saldo yang sudah anda kumpulkan (mustakil). Bener-bener sesuai dengan judul di atas kan??
"Mencoba Keberuntungan Mendapatkan Dollar Di VirtaPay", (pokoke teko mink njajal-njajal ae) hehehe.
Dibawah ini merupakan link referal saya, anda bisa bergabung melalui link dibawah ini (aku gak mekso lho ki). Bila anda tidak berminat bergabung melalui referal saya, silahkan langsung menuju website resminya aja di www.virtapay.com
Sign Up/Join Now

Sent from my AXIS Worry Free BlackBorrot® jangkrik smartphone

widhi_zf@yahoo.com

pesbuk'e jangkrik